MasDodic

Celotehan-ku... Coretan-ku...

ا ستغفرالله رب البر * ا ستغفرالله من الخطايا
ربى زدنى علمانافعا * ووفقنى عملاصالحا   
يارسول الله سلام عليك * يارفع الشان والدرج
عطفةياجيرةالعالم * يااهيل الجودوالكر

Ngawiti ingsun nglarasa syi’iran
Kelawan muji maring pangiran
Kang paring rohmat lan kenikmatan,
Rino wengine tanpo pitungan
Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mong ngaji syare’at bloko
          Gun pinter dongeng nulis lan moco
          Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal Qur’an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafirke dewe gak di gatekke
Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare nduyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho
Ayo sedulur jok nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhite
Baguse sangu mulyo matine
Kang aran soleh bagus atine
Karene mapan sangu ngelmune
Laku thorikot lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane
Alquran qodim wahyo minulyo
Tanpo di tulis biso di woco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njeru dodo
Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalem manjenge iman
Kelawan Alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakate diriyadohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe anyem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir saking paneran
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo ngasio
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito
Ayo nglakone skabehane
Allah kang bakal ngngkat drajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate
Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den kadang Allah swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese

يارسول الله سلام عليك * يارفع الشان والدرج

عطفةياجيرةالعالم * يااهيل الجودوالكر
Kyai Haji Abdurrahman Wahid, akrab dipanggil Gus Dur (lahir di Jombang, Jawa Timur, 7 September 1940 – meninggal di Jakarta, 30 Desember 2009 pada umur 69 tahun). Download Gus Dur - Syi'ir

Ditulis oleh dhodhotirawan pada 22.50 WIB

0 celotehan: